Mbukak sarung biru rupane,
Diceneng digelar mekekeh..
Lak mung ayu rupane,,
neng pasar akeh..
Ono jagung pithu cacahe,,
Garing telu diwadahno cangkir bijine,,
Ojo mung ayu rupane..
Sing ayu yo lahir bathine..
Tukang tembelan nembeli pakean,,
Digunting dipasno ukurane,,
Timbang prawan kari koretan,
Mending mileho randhane..
Jati jowo neng sawah mburi,
Kabehe sekawan godonge di erah pakakne sapi,,
Rabi rondho rasah marai,,
Ngakune prawan jebule malah wis ahli..