Old school Easter eggs.

-:-PANTUN-UDIX-:-
Janur godonge kelopo,blarak jenenge lak rupane ganti,timbang nganggur penake makaryo,ben penak uripe ing tembe mburi.

Kalen yo kalen kali yo kali,kedung manggone neng kali,mbiyen yo mbiyen saiki yo saiki,sing urung kadung dipikirne saiki...

Telo kuning rodok dowo,garing diwadahi campur koro,Ra ono sawijining tombo,tentreming ati kuwi soko anarimo.

Sapi manak ndase pecah,getihe metu gobrah-gobrah,ngopi penak bature tjah2,ngingeti bokonge bakul marai arep mutah..