KEDIREN OYE
Mangan degan entek limo,bocah njaluk wegah ngekei,Bejo tenan oleh rondo,wayah njaluk rasah marai.

Perawan anake limo,keterak butuh adol ayu ning tonggo,Kelingan jamane semono,trenyuh ambrol banyu ning moto.

Mlaku ngetan koncone pak dhe,nyandung boto sikile mlentung tungkake,aku edan goro2ne kowe,durung trimo yen kowe durung ngrasakne.

Lungguh kursi ngingetne lintang,jigang madep ngidul ngetan,sepi2 penake jagongan,timbang mumet mikir utang.

Sayure godong telo,lawuhe iwak lele,jarene ngomong tresno,jebule sek nggendak liyane.


Disneyland 1972 Love the old s