80s toys - Atari. I still have
+TOMBO KANGEN+
SUGENG RAWUH,SELAMAT DATANG DAN WELCOME TO GEGURITAN MADE IN UTOWO CIPTAANE UDIX GUZTOP SUKENTUS...
Monggo di waos opo anane..!

BEDANE SOWAN

Wes lumrahe yen cilik kuwi di asorke..
Mlaku sak mlaku di ati2 dewe..
Budi uni di pikir sak durunge..
Ben ojo di iles karo si gedhe...

Ora salah yen anak menthok kuwi minthi..
Yen anak bebek kuwi meri..
Yen anak menuso di arani bayi..
Meri lek gedhi dadi bebek..
Manut kodrate melek golek nyekek nelek matek..
Hla menuso yo podo wae yo golek yo nyekek...

Mung bedane menuso butuh sandangan..
Sandangane yo akhlak yo moral
Gawe modale urip ben ojo koyo kewan mrusal..

JANJIMU

Ngisi banyu ra nggawe torong..
Janjimu yo mung omong kosong..
Sing di isi banyu,kendi anyaran..
Janjimu koyo bledeg ra sido udan..

Ngisi banyu ra nggawe ciduk..
Janjimu mung koyo krupuk..
Gubrat banyune dleweran..
Mlempem mergo kesisan..

Ngisi banyu ra nggawe ebor..
Janjimu koyo lampu obor..
Di cawuki kesuen kebake..
Gampang mati mergo entek minyake..

Arto doyo

Ayu rupo saiki dudu barang aji.
Bagus sembodo wes ora migunani..
Yen to Bondho wes dadi sesembahan..
Barang aji wes maleh dadi murahan..

Rupo elek duwetmu sak koper..
Dandan mlipis cekelan setir bunder..
Ojo maneh mung rondho kelas menengah..
Sma hot cap merchon iso kok erah...

Semunu ugo sing rondo anak limo..
Ayu ra sepiro ning donyane sak oro-oro..
Ojo maneh kok mung arep ngerah dudo anak siji
Joko lancur limo di awe halah panggah nututi..

Yo kuwi dayane bondho..
Dalan gragal iso mulus koyo aspal..
Urusan ruwet iso lunyu koyo mangan sego liwet..
Sak walike sing sepele iso dadi ribet..

IKLAS KUWI

Mboh kapan tumekane kapan..
Tulung kang ora keno semayan..

Iklas kuwi yo butuh wektu..
Wiwitan nersulo kang di toto dadi legowo..
Iklas kuwi yo di jajal atimu..
Di jajal sabar di jajal werno2..

Mbuh kapan tekane kapan...?
Tulung kang ora keno semayan..

Prasasat surgo neng ngarep moto..
Yen siro iso nglakoni iklas..
Koyo Tk munggah kelas songo..
Yen iklasmu iklas sejatine iklas..

TOGEL

Karepe yo pengen sugeh..
Ben urip mulyo mlarate ngaleh..

Turu kuburan golek hidayah..
Ngesipke togel sesuk ben mbruwah..
Ono ulo liwat nduwur sirah..
Telu loro trucut metune taysen dalane Bocah..

Gel togel di kiter soyo angel..
Ora sugeh malah dedel duwel..
Kantong suwek benike tetel..
Ora kerjo sugeh ko ndi thell..

Nggugu ramalan kentung..
Duwit piro2 yo cemplung.
Nggugu mbah gareng..
Duwit ludes dompet krempeng..

Bimbang

Jam rolas tengah wengi
Sidem kayon hawane sepi
Sajak nambahi runyike ati
Urip kang tansah sepi aji

Tangis tak tulis ing gurit
Bareng karo batin sing njerit
Sanggan abot urip soyo kecepit
Mbatin opo aku kudu melu demit..

Hananging ati isek jejek
Ora peduli nadjan urip di idek idek
Marang gusti tak ungkrapke unek unek
Ing pangajap mlakuku sesuk madep mantep

BUMI LANGIT

Wes lilakno yo lalekno...
Anggepen lakon kepungkur mung iklan sedelo..
Aku ora susah yo ora nersulo..
Mergo aku ngerti aku iki sopo..

Rumongso ngrumangsani..
Yen langit ora bisa nyawiji kelawan bumi..
Wang sinawang yo mung kari kuwi..
Arepo tak ranggeh modalku mung pit jengki..

Sopo sinopo yen ketemu..
Kanggoku wes cukup dadi jamu..
Nadjan ati tetep remuk rempu.
Panggah tak simpen lelakon mbiyen ing njero kalbu..

TRIBUTE TO APACHE
FILTER

Yen sepi tumeko..
Amung pikiran mblayang eling jamane semono..
Yo konco yo sedulur tunggal jiwo..
Saiki wes pernah papanmu kang..
Wang sinawang nadjan kari awang2..
Mung dungo pamujiku kang tak kirem minongko layang..
Kanggo kowe kang,mugi Gusti paring pepadang..
Jangkah lakumu ning alam kelanggengan...

Seduluran..

Sedulur ora mikir umur..
Kekancan ora metung tumpakan..
Bondo tumpukan opo maneh jabatan..

Seneng podho ngguyu...
Nelongso podho di songgo..
Ojo nganti redjo di sobo..
Nek sepi di suraki..

Nyambung seduluran silahturahmi..
Ben ojo ilang terus di uri uri..
Rebut bener podho ngenyangi.
Ojo kebacut anggone ngobahne lathi...
By.guztop

URIPKU..

Urip neng ndeso...
Anggepanmu kuwi abot tur rekoso..
Kanggoku yo biasa mergo wes kulino..

Mergawe sak anane...
Mangan sak lawuhe..
Butuh seger waras awake..
Padang akal pikirane..

Angkat junjung kringete rembes..
Anggep wae latihan fitnes..
Macul mopok galengan..
Anggep wae senam kesehatan..

Ora sah meri sing karaoke..
Omben2 purel sandingane..
Cukup ngopi cedak cedakan..
Bareng kancane geguyonan..

by.guztop 16/9/15


PERKARA TELU

Kemulku mori ora kok aku pengen ndang mati..
Kemul mori mung gawe pangeling- eling yen mbesuk mati kemulan iki..
Senajan bondho akeh sak oro-oro..
Senajan bojo cacahe limo..
Ora bakal yen mati melu di gowo..

Wong mati ninggal omah..
Wong mati ninggal sawah..
Wong mati ninggal bocah2..
Sing si gowo yo amal jariyah..
Lan ugi ilmu sing manfaat gawe wong sakatah..
Lan ugi anak sholeh sing dongane di ijabah..

BALON

samar semu...
tanpo makna alias lugu..
yo kuwi ucapmu cah ayu...

kadyo gludhuk ora sido udan...
ibarat tong kothong suarane gemlontang..
yo kuwi janjimu cah ayu kang ora tinepatan..

ayumu ayu salon..
klakuanmu koyo segawon..
janjimu ora tau kelakon..
acung driji tengah gawe kowe lon balon...

kediren.4 mei 2014

Pepadang wus tumeko...

jangkah jangkahe laku..
wes awit nemu padhang..
nanging aku ora girang..
malah rasane ati bimbang..

lakon mbiyen..lakon mbiyen..
ojo kowe ngajak balen..
balen marang turu kang kebak impen..

aku wes pengen tangi..
terus mlaku senadjan ngarep kebak eri..
aku wes ra peduli..

OJO BINGUNG

Yen ati lagi amburadul...
Jajal mlakuo ngidul...
Sak jangkah rong jangkah terusno jangkahe..
Mergo ngarep ora ono wetese..

Yen ati lagi kelangan..
Njajal mlakuo ngetan..
Sak pecak rong pecak terusno..
Mergo neng ngarep dalane iseh dowo..

Yen atimu lagi kendor
.
Mlakuo ngalor..
Sak jangkah opo rong jangkah..
Alon- alon menggoko ngulon..
Pandengen kiblat kae..
Sejatine laku ora ono pungkasane..
Yen durung mujur ngalor madep kiblat tangan disedakepke...

kediren.6 april 2014

JAMAN GAUL

Iki jaman modern..
Jare simbah jaman gaul..
Ora melu jaman jare jadul..
Ealah..mboso melu malah amburadul..

Jaman mbiyen durung gaul..
Rok bocah sekolah isor dengkul..
Saiki isine rok ae meh nungul..

Digawe mlaku krembyah krembyah..
Unine iki lo duren iki lo blewah..
Digawe lungguh walah ketok opo kae cah..

Bocah gedhi mergo karbitan..
wates wates di tabrak di tendang..
Mboso ketiban sampur sambat gidrang gidrang...

Urip kuwi pilihan..
Becik olo kuwi hidangan..
Arep mangan si ngendi moso bodho sampeyan..

Jerite ati

Wengi iki sansoyo sepi..
Ora mung wengi iki..
Nanging podho koyo wengi sing wingi-wingi..

Opo iki karepe Gusti..
Karep sepi ben iso nemoni
Opo kuwi sejatining sepi..

Sepi tan ono omongan..
Omongan sing ora wigunan..
Sepi tan ono tumindak..
Tumindak sing gawe gelone sanak..

Sepi ora ono sopo- sopo..
Ora ono opo-opo
Anane mung sejatining sukmo..

UDHUD DULU

welingku ojo nganti lali ..
ora ketang sedino mung ping siji..
ngrokok utowo ngudhud kuwi harga mati..
paru2 butuh keluk..
sisan lakune karo nglalekne masalah neng mbathuk...
senadjan yen pas slalapen marai watuk..
yo kuwi konco sing tenanan..
awujud rohe iman..
biso ngusir jin syaitan..
mulo dulur ndang sumeten rokokmu..
golekono jati dirimu..
ilangno masalah sing grundel neng njero atimu..
uncalno bareng metune keluk rokokmu..

by.udix jw lt

Sing utomo

Ibarat taman endah tanpo pager...
Bebasan sego iwak dirubung laler..
Mangkono kuwi yen ayu bagus tanpo iman..
Mung katon apik yen durung konangan..

Di simpeno koyo ngopo bathang yo tetep bathang..
Ing tembe mburi yo bakal dadi wirang..
Agawe isin pribadi lan sanak kadhang..

Mulo cah bagus cah ayu..
Sing andhap asor budi pekertimu..
Sopan kelawan santun marang sepadamu...
Sing paling penting elingo marang ajaraNE KANJENG NABIMU..

AKU KUDU MANUT SOPO

Pancen bubrah ndunyo iki..
Ra ono panutan sing iso di ugemi..
pak kyai si gawene mulang ngaji..
Isek minger keterak duwit gedhi..

Aku kudu manut sopo..
kabeh mung apik njobo..
Ing akhire malah dadi gelo..
Wani tutur ning atine muspro..

Duh Gusti kang akaryo jagad..
Marang panjenengan anggonku sambat..
Nadjan aku jarang sholat
.
Aku jek ngerti iki becik iki maksiyat..

oplosan

Ing setu wengi maleme minggu..
Kahanan ati tan soyo rempu...
Jajal tak lali kanti nenggak ciu..

Kapan urip iki kroso penak..
Koyo rasane pas ngombe arak..
Lali utang lali sanak..
Soyo okeh soyo ngelak..
Mergo uteg rasane wes koplak..

Urip kuwi pancen oplosan..
Werno werni akeh pacoban..
Ning kudu di adepi kanti sabar lan neriman..

Ojo mung pijer mendam mendem..
Sing marai mripat burem..
Arang kadhing ora popo..
Nanging ojo digawe pakulino...

ELINGO

ojo mung perkoro ra pati guno..
nganti ngedohne konco..
elingo weteng luwe pas duwit ora ono..
sewu sewu diklumpukno..
nadjan mung oleh tempe limo...
penting keneg gawe ampet ampet weteng loro..


NGIPI

Aku pancen anake wong tani..
dudu koyo sing mbok pengeni..
panganaku yo meh podho karo panganan sapi..
kulupan dong kates sambel kacang lalap kemangi..
mangan iwak durung karuan sesasi peng siji..
kuwi ngunu yen tonggo pas lagi resepsi..

ora nggagas si penting awakku waras..
ora tak pikir nadjan mangan lawuh kemitir..
iso nduweni kowe kanggoku koyo ngipi..
ibarat ngenteni srengenge ing wanci bengi..

roso tresno mung biso tak empet ning dodho..
ngelingi aku ora nduwe opo opo...


Nduyo wis tuwo

nduyo iki kebak tangis..
Kebak lambe-lambe manis..
Lambe manis ning lamis..

Nduyo iki wes tuwo..
Isine mung geger rebutan bondho wanito..
Lali toto lali kromo...

Jajal sawangen manuk iber kae..
Miber mrene miber mrono..
Ra mikir sesuk arep mangan opo..
Tansah ngugemi yen pangan wis dicepaki Gusti..

Mulo ojo podo iri drengki..
Akeh sitik yo kudu di syukuri..
#ompleng2


Tansah tut wuri..

sak jroning sepi iki..
angen-angen mung kebak jenengmu dhi..

kadya sumanding ing kiwo..
naliko aku noleh ngiwo..
ing siseh tengen..
naliko aku noleh nengen..
atut runtut ing mburi..
ngegah dalan nyandung laku..

senadjan mung kari angen2..
ing nyatane kowe wis ora gelem..
nanging tresno dudu mung ampiran..
koyo neng warung pas leren mangan..


Ojo Dupeh..

Ojo dupeh kowe ayu..
nganti ngoco sedino peng wolu..
Liyane mbok anggep dudu kelasmu..
Dudu levelmu..
Menuso kuwi bakalane podho..
Ayu elek mung sadermo titipan sedelo..
Ora langgeng mergo mbesuk yo ngalami tuwo..
Kulit kisut lambe nyaprut..
Si banter kari entute..
Mambu pesing mambu wengur suwale..
Lak mati yo podo ae dibuntel mori..
Di pendem njero bumi..
Opo lak wong ayu mati arep digawe pajangan?
Gawe tenger mbiyen dadi idaman..
Dadi rebutan lanangan..
Nyebut..but..but..but..nyebut yu tjah ayu.


NjOBO IJO NJERO ABANG

Ora opo2 kelek mambu kecut..
Sing penting ati ora semrawut..
Yoben klambi mambu lebus..
Sing penting pikiran iseh fokus...
Kecut opo wangi dudu ukurane mukti..
Iman kang sejati kaawiti soko manunggaling ati lan lathi..
Lair kelawan bathin..
Ojo mung mburu ayu laire..
Ning mambu jerohane..
Bagus tur putih njobo..
Durung mesti atine iyo..
Mergo jerune segoro iso diukur pirang senti..
Ning jerune ati sopo sing ngerti,


Rojone Pengasihan

Ora perlu jaran goyang...
yen kepengen cewek sing iso gawe merangsang..
Ora butuh bulu perindu..
Yen arep golek cewek sing ayu..
Ora kudu nduwe semar mesem..
Yen butuh cewek si marai melek merem...
Kabeh butuh usaha..kabeh butuh dana..
Dana iku si dadi kunci utama..
Atusan ewu si marai mripat biru..
Abang abang si marai iman goyang..
Abang abang rojone ilmu pengasihan...


Ayu miturut inyong

Ayu iku ukurane dudu putihe pupu,
Seksi kuwi ukurane dudu bokong seng gedhi,
Beautiful ukurane dudu susu seng mentul2,
Ayu iku pribadi sing nyenengne kalbu..
Seksi iku solah tumindak sing gawe tentreming ati..
Beautiful iku wanita sing sekabehane gaul miturut aturane kanjeng nabi rosul.
By.gustop ompleng2


DALAN BOCAH

Kekancan podho bubrah,
goro2ne mung rebutan dalan bocah.
Wujude widodari ning njerone tumpukan blangkrah..
Ealah...!!
Yo kuwi si marai lewung bocah..
Podo aras2En sekolah..
Senengane ubet cewek mung arep ti dudah..dalane bocah..


NRIMAN DALANE KAMULYAN

Ayu dudu ukurane bebrayan bakal tentrem..
Manis ora mesti keluarga dadi harmonis..
Yen sing nriman ora ngongso marang bondho dunyo..
Yo kuwi bakale sing biso aweh adem ayem mring keluargo..
Ora gampang kerayu boyo angop.
Yen pas keuangan lagi kelop2..


ORA MATHUK..

Dzikiro nganti manthuk2..
ngajio kelar ngantuk2..
sholato nganti kopyahmu remuk..
yen to ati lan lathi jek urung sarujuk..
podo wae olehmu yo mung amal seng klimpak klimpuk..
enteng kemeng koyo kapuk...


Simbok..

Ra ono tresno sing sejati tan liyane tresnaMU..
Rino kelawan wengi sasat tan kendat pandongaMU kanggo aku..
Luh tumetes gawe goyange langit bumi,.
Keprungu panyuwunanmu soko ati lan lathi kang nyawiji..
Simbok...
Aku mung biso gawe atiMU gelo..
Ra dadi koyo panyuwunanMU pas dungo,
Mergo Gusti menehi dalan liyo..
Dalanku kebak panggawe olo..
Simbok...
Sujud sungkemku dumateng panjenengan..
Nyuwun agunge pangapuro sedoyo kalepatan..
Mergo ridhanipun simbok ugi ridhanipun PENGERAN..


PREI NYIMPLI OPLOSAN

Sak nyimpli jare iso ngobati grahono iki..
Njajal tak ombe supoyo susah biso lali,
Sak nyimpli nyatane ra bisa nyembadani,
Mung sirah mumet tambah mumet sing tak olehi..

Opo kurang okeh anggonku ngombe..
Opo kurang lengkap oplosane..
Masalah soyo runyam tak rasakne..
Janjane nyimpli opo to gunane..

Eling..eling aku eling..
Eling marang pepeling..
Amung Gusti kuncine jawaban
Padhange ati tumuju margi kesaenan..


ENTHUNG

naliko isih awujut uler
srakah,rakus mongso kabeh kang ono
gegodongan kabeh cuntes tatas
rakus,umuk koyo urip mog sapisan mung
kanggo mangan
tan leren nuruti howo lan nefsu naliko gegodongan resik kamongso
kaeinengan kang di turuti ,raperduli rusaking
bumi
angrebut duweking liyan
mbuh raweruh tanpo pakewuh uler
ciptaning pangeran kang tak critakke
urip ing wit-witan,alas lan taman taman
saklawase kanti pungkasing jaman
dadio patuladan lan piwulang tumrat janmo
kang nduweni iman kesel mangan ,lan nuruti howo nepsune
wektu tansah lumaku,lewat mengkono wae
koyo raono tipak tilase wektu tansah gonta ganti lungo teko
nuwuhkerososalah lan doso
si uler mertopo nganti keliwat mangso
nyuwun pangapuro,ing gusti kang moho kuoso
tobat lan keduwung marang luputing niro datan nedho lan ngombe ngelak lan luwe tan
kroso
rogo kekurung wujud enthung
ing njero njingkrung tanpo pitulung
laku semedi lan mertopo
nyuwun pangapurane kang moho kuasa pirang-pirang dino wes lumaku
meneng mbegegek,mung ugak ugek
tan nyawang cahyaning baskoro
nyuwun pangapuraning sedoyo doso lan cidro si entung prihatin pinulang pangesti
tumibane wektukang kaantu antu
pangeran kang moho asih paring bebungah
uler kang maune serakah
gumanti arupo titah kang endah
kupu kang endah naminipun berkah pancen pangeran wicaksonoa milih
marang titah banget le asih
sakawit uler srakat tan
dadio kupu endah linuwih
mabur ing angkoso royo mengeti laire ing ndonyo kang tan lono
kembang kang endah kebak madu-madu kang
mulyo
dadi mongso kupu samiyo
pinongko piwales pamartobatnyo mangkono lelakon crito uripe
kabeh kedadian wis kang atur deneng yahwe
dadio patuladan manungso sak kabehe
sanajan uler wes akeh dosane
enggal sadar banjur nyuwun pangapurane.


PITIK BLOROK
Mergo opo pitek blorok pating plorok,
Mergo opo akeh cicak nemplok neng tembok kerep njeblok,
Opo mergo weruh sayak mlotrok
Opo mung ulap ngingeti isine entrok..

Yen to tresno iso tak lumbo,
Koyo gampange naliko aku nyumet rokok,
Lan kroso lego neng ati koyo naliko aku ngunjuk kopi..


Sliramu dhi..

Tak sumet rokok iki..
Nalikane aku kangen sliramu dhi..
Sanalika Lepya sedoyo mendhung ing manah..

Sukmaku iber bareng pedhute rokok
Ngoleki wewayanganmu dhuh cah manis..
Anangin ratri wis ngancik rahino..
Ning GUSTI durung paring wusodo..

Aku kudu kepiye..?
Kangenku tan ono usadane..
Ono wiyat mung katon slirane..
Ngawe-awe ngobral eseme...

Lembeyan,28 april 2013


MAKNA LAGU GUNDUL2 PACUL
Gundul gundul pacul-cul,
gembelengan
Nyunggi nyunggi wakul-kul,
gembelengan
Wakul numplek
segane dadi sak ratan
Gundul kalau dalam bahasa Jawa
maknanya kepala yang tidak
memiliki rambut alias botak.
Sedangkan rambut bisa berarti
suatu mahkota atau kehormatan
seseorang, jadi filosofi lagu gundul- gundul pacul yang pertama ini
yaitu gundul: kehormatan yang
tidak memiliki mahkota. Pacul mengandung makna alat
yang digunakan oleh petani, atau
dalam bahasa Indonesia disebut
cangkul. Pacul: melambangkan
kaum bawah yang biasanya adalah
petani. Gundul pacul mengandung makna:
seorang yang memimpin bukanlah
orang yang diberi mahkota, namun
seorang pembawa cangkul yang
harus memperjuangkan rakyatnya.
Dikalangan Jawa makna filosofi pacul merupakan sebuah singkatan
yang berarti 'papat kang ucul'
yaitu mata. telinga, hidung dan
mulut. Jadi kemuliaan seorang
pemimpin bergantung bagaimana
dia mempergunakan pacul tersebut. Gembelengan maknanya: besar
kepala atau sombong dalam
mempergunakan kekuasaanya.
Seorang pemimpin hendaklah
menjaga sikap agar tidak
gembelangan dalam memimpin rakyat. Jadi makna 'nyunggi wakul
gembelengan' adalah seorang
pemimpin yang semena-mena
menyandang amanah rakyat. Wakul bisa diartikan sebagai
ketenteraman rakyat, jika 'wakul
Numplek segane dadi sak ratan'
maka artinya kalau pemimpin
semena-mena maka kesejahteraan
rakyat akan tumpah dan tidak dihiraukan lagi. Nah itulah kurang lebih makna
lagu gundul-gundul pacul .

Beranda.